Senin, 04 Januari 2021

Mangane Cah Pondok

Aku isih menangi jaman cah pondok masak ning dapur. Jajan kampung jaman semono orak sek mblader koyo saiki. Opo wae ono kabeh ngebaki ndalan awit ngawen nganti ngenangin. 

Cah pondok mbiyen isih gelem masak. Iuran tuku lengo gas. Dijadwal sopo sing jatah mbetek. Seringe sih cuma masak sego, lawuhe tuku njobo. Di samping irit, masak dewe yo luwih penak mergo oleh sego luwih akih. Bagi cah pondok, butuhe mangan yo ben wareg. Dijak ngaji siap dijak ro'an ora sambat. 

Kapan sego mateng, disok ning nampan, lawuhe ditawur ning nduwur sego. Mangane kepungan wong telu, papat ngenti limo. Mangan bareng konco tunggal nampan tanpo risih. Lha ngopo kok risih? Kan yo konco kabeh podo sedulure. 

Beno podo ngelihe, Mangane yo tetep kalem. Sitik-sitik seko pinggir. Mangan bareng latian tepo sliro. Misal segane isih sak puluk ngono kuwi diparo ben bareng olehe mungkasi. 

Iwake yo tahu tempe. Nek esok karo janganan. Ojo mbayangno iwake ayam. Iwak ndog puyuh kuwi wes mewah banget. Maklum, kanca-kancaku moro seko kaum sederhana sing cedak karo garis kemiskinan. Yo gak kancaku tok sih, aku mbarang. Wakakak. Ianah kerep nunggak, sandangane kuwi-kuwi tok. Saking miskine Sandal swallow ki disimpen ning gotakan. Kuatir yen ilang. 

Tapi soal semangat ngaji ojo didu. Beno mangane sego sak intipe, apalan imriti karo alfiyah yo emoh kalah. Bagi cah pondok, kemiskinan ora dadi alangan. Kabeh tergantung niat lan semangat anggone merangi kebodohan. 

Balik maneh ning bab mangane cah pondok. Aku dadi eling kancaku siji omahe lor kali kono. Pas dino prei sekolah mboh piye awan-awan ndekne ngelih njur njaluk aku gawakno sego. Yo jelas mergo ndekne rak nduwe duit akhire ora jajan ning warung. Berhubung aku nduwe hati yang lembut bagai sutra aku nju balik omah njupukno sego. 

Sawetoro aku tutuk pondok maneh gowo sego ambek tahu karo lombok olehe jajan ngaji ibuku. Btw selamat hari ibu ya buk. Ning omah rak ono iwak meneh, anane kuwi. Lha ngono kuwi kancaku mau moro koperasi terus tuku opo jal? Kecap saset siji. Terus segoku dipangan, iwake tahu, lombok, kecap. 

Aku lungguh ning ngarepe nunggoni dekne mangan dengan lahap. Rasane kuwi ya Allah.. Yo mesakno.. Semono ngelihe ngenti mangan putihan dilakoni.. Saking lahape suwe-suwe aku melu njaluk.. Masamu.. Jane yo rasane muk anyep legi pedes. Rak ono gurih-gurihe blas. Tapi berhubung dekne mangan ngenti kemringet aku melu milik.. Melu menikmati nikmatnya sego tahu lombok kecap. Oh kuwi minongko salah sijine momen barokah dalam hidupku. 

Tapi yo ono kalane cah pondok mangan enak. Kapan malam jumat kan kuwi libur. Cah pondok metu golek jajan. Golek opo? Ayam bakar? Oraaa. Bebek goreng? Yo jelas oraa. Kantonge cah pondok ora sek turah kanggo njajan daging-dagingan gemblondong koyo ngono. 

Tibake cah pondok njajan mie ayam sing ayame suwiran cilik-cilik. Sambele sing akih ben pedes. Lamun golek sing murah sitik yo luru mie ndog. Nemewu sak estehe. Nek miene wes entek kok kuwahe ijeh, Tambah krupuk dilelepno ning kuwahe Ngesi entek lidis. Yo jelas cah pondok nek mangan mesti resik. 

Utowo sate. Nek awan konco-konco sing kirimane akeh tur lancar kerep tuku sate ning ngawen. Sate telong ewu wes entuk akeh. Sedepe puwol. 

Yo ngono kuwi ora kabeh cah pondok iso tuku sate. Lha wong jatahe cuma seketewu seminggu. Isih ono sing cuma telung puluh limo ewu. Tahun rongewu limonan lho kuwi. Mamulo dadi cah pondok kuwi kudu pinter noto duite, jembar atine, lan wani tirakate. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar