Senin, 04 Januari 2021

Wong Njaluk-njaluk


Ono wong ngetuk lawang sore-sore. Umure sepada makdhe ku. Critane ndekne njaluk sodakoh kanggo ngrumati anake sing yatim. Tak golek-golek receh 5ewu rak ono tenan. Meh tak kei 20rb koyone yo kakehan. Mari ngono wonge kondo, "Roti roti yo mak dhe gelem, nang". Akhire tak jupukke roti ning kulkas karo njagong sedelok.
Ndekne crito urip soro ning deso sebelah karo anake sing bontot. Anake sing gede wes podo omah-omah ning daerah liyane.
"Lah anakmu opo orak ngirimi, mbok? Kok sampean njaluk-njaluk tekan kene?", takonku.
Jawape, ndekne emoh ngrepoti anake. Alamak. "Sampean muter ngemis tekan kene yo sajake ngrepoti wong akeh", batinku.
Ora maksud ora perduli, ning ya nompo wong asing ki rodo kepiye ning ndeso koyo nggonku. Opo maneh wong njaluk, ngamen, sepenunggale. Lah kok tibake sg ngemis tonggo deso dewe.
Tak delok wonge gowo kresek pirang-pirang. Jebule iku kasil mider kampung do ngengehi panganan. Wonge ugo nggowo cet kayu. Crito nek meh ngecet lawang. Iyo, ngemis go tuku cet kanggo ngecetno lawang. "Ben apik", jare.
Haduh jane njaluk-njaluk kanggo butoh mangan apa dandan omah si... Pikirku. Mari ngono wonge tak peseni li ndang bali mergo wes ngadepi surup.
Let pirang ndino aku jajan ning pertelon. Wasem, wilayah operasine tekan kene. Wonge ujug-ujug madong njaluk ning tukang empek-empek sing tak tuku karo nyangking kresek meneh sing isine kebak. Mboh opo. Mase ngei rongwu.
Pas aku rampung aku munggah motor. Wong kuwi madong karo ngomong, "Paringi mas".
Tak jawap ae, "Uwis ngono kok".
"oh iyo.. Uwis-uwis".
Fenomena ngene ki ya gawe aku mikir. Pertama, nek pancen butuh banget apa ya tonggo cedake ora ngeh. Opp yo ora ono bantuan soko pemerintah. Luwih-luwih pemdes.
Keduane, kok ya rutin njaluk-njaluk tanpa ewuh rikuh. Tanggaku kene rondo anak cilik2 ya do kerjo. Wing tuwo2 yo gelem nyambut gawe. Lha kuwi garek madong mlebu omah-omah. Nek wes ngene iki aku mundak malah piye. Jane mesakke tp kok numan. Sepurane yaa..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar