Minggu, 24 Januari 2021

Wengi wingi pancen wangi



Wengi iku Paklik ngabari dene simbahku sing gerah kudu berobat. Aku matur bapak. Njuk bapak ngutus aku supaya nemoni Pak Dokter perlu panggilan berobat. 

Jam 19.30 Tancap gas aku lunga Angin-angin nggone Dokter . Papane rodok sepi. Mungkin gegoro langite mendung tumiyun. Antriane sepi. Lagi lungguh dikuk, aku langsung mlebu ruang dokter. Banjur aku janjian karo Pak Dokter. Akhire dimupakati dene aku jemput kiyambake jam 21. Aku ndung mulih laporan bapak. Bapak paring aku duwit eketan loro, "Ki gawe mbayar dokter". Njuk duwite tak tampa. 

Lebar kuwi aku lungo pondok. Ngaji. Nuntut ilmu. Beno ilmu ora salah, yo tetep tak tuntut. Mekono ngendikane poro yai. E ora krasa wis munggah jam 20.45. Walah, aku sek kelalen yen ana janji karo pak dokter.

Ndung aku ngegas meluncur ning Angin-angin. Ealah jebul-jebul klinike wis tutup rapet. Ora ana wong babar blas. Tikus lewat yo ora ana. Wedhus ngeyup blas ora. Padalo, wengi kuwi angin bertiup kencang diiringi rintik hujan yang syahdu. Hmm.. Guling mana guling..

Akhire sang pangeran wangsul dengan tangan hampa. Aku mulih omah terusan. E omahe sepi. "Wis dung ning daleme simbah menawa", batin atiku. Bareng ngono aku takon Dora piye enake. Dora nyahut kon nakoake peta. "Tanyakan Peta.. Tanyakan Peta..", jare. "E.. Tobrol sekali dikau Dora", walesku.

Berhubung aku moh gelut karo Dora, aku manut wae. Terus aku oleh ilham kon langsung ning ndaleme simbah.

Brum brum.. Sawetara aku wis tekan Gribigan, daleme simbah. Ning kono sanak kadang pada kumpul. Ana Pakde, paklik, bulik, lan putra-putrine. Bapak uga ibuku ya wis ning kono.

Bapak mriksani aku kaya nemu ana sing aneh. O iyo. Kabeh pada nunggu Pak dokter. Akhire aku crita apa anane tegese tragedi klinik tutup gasik sahingga aku ora gandeng Pak dokter.

Semono aku ngrasa nguciwakke para sedulur, terutama simbah kang gerah. Tinapi, Bapak ora dukani aku. "Yowis, sesok neh", bapak ngendika.


*****


Let sedina wayah wengi, bapak lan ibu ing ruang keluarga. Ibu nembe nglempiti sandangan dene bapak nembe fokus mriksani tv. Ujug-ujug bapak ndangu,

Bpk : "Fur"

Aku : "Nggih"

Bpk : "Kowe wingi ngulungi aku duwit?"

Bpk : "Duwit napa pak?"

Aku : "Wingi lho ning ndene mbahe kowe ngulungi duwit pora?"

Aku : "Oh, duwit kuwi. Sih utuh, pak" (Mlayu jupuk dompet. Tak tokno eketan loro)

Aku: "Niki, Pak "

Bpk : "Wis, ora popo. Yowis nak ngono. Aku cuma kelingan. Wingi aku mbok ulungi duwit po ora. Yen mbok nggo yo nggonen"

Aku: "Ha.."

Aku mlongo rodok suwe. Kira-kira 2 tahun lah. 

Aku: "Saestu, pak.,? Aseek.."

Eketan loro pun tak tampa kanti ikhlasing penggalih. Tak ambung duwite.. Hmm wangi.. Wingi wingi pancen wangi.


*) Begitulah Bapak. Kalau ngasih uang ke anaknya seenaknya sendiri. Piye? Penak to?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar